Visi

Melayani masyarakat di bidang Pendidikan menuju terwujudnya peserta didik yang cerdas, terampil, beriman, bertaqwa, dan berbudaya

Jumat, 06 Juli 2012

Syi’ir Tanpo Waton Al-Magfurlah KH Abdurrahman Wachid (Gus Dur)


Ngawiti ingsun nglaras syi’iran….
Kelawan muji maring Pengeran ….
Kang paring rohmat lan kenikmatan ….
Rino wengine tanpo pitungan 2X ….

Duh bolo konco priyo wanito….
Ojo mung ngaji syareat bloko….
Gur pinter ndongeng nulis lan moco …
Tembe mburine bakal sengsoro 2X ….

Akeh kang apal Qur’an Haditse ….
Seneng ngafirke marang liyane ….
Kafire dewe dak digatekke ….
Yen isih kotor ati akale 2X ….

Gampang kabujuk nafsu angkoro ….
Ing pepaese gebyare ndunyo….
Iri lan meri sugihe tonggo …
Mulo atine peteng lan nisto 2X…

Ayo sedulur jo nglaleake ….
Wajibe ngaji sak pranatane …
Nggo ngandelake iman tauhide …
Baguse sangu mulyo matine 2X ….

Kang aran sholeh bagus atine….
Kerono mapan seri ngelmune…
Laku thoriqot lan ma’rifate ….
Ugo haqiqot manjing rasane 2 X …

Al Qur’an qodim wahyu minulyo …
Tanpo tinulis biso diwoco …
Iku wejangan guru waskito …
Den tancepake ing jero dodo 2X …

Kumantil ati lan pikiran …
Mrasuk ing badan kabeh jeroan ….
Mu’jizat Rosul dadi pedoman….
Minongko dalan manjinge iman 2 X …

Kelawan Alloh Kang Moho Suci …
Kudu rangkulan rino lan wengi…..
Ditirakati diriyadohi …
Dzikir lan suluk jo nganti lali 2X …

Uripe ayem rumongso aman …
Dununge roso tondo yen iman…
Sabar narimo najan pas-pasan…
Kabeh tinakdir saking Pengeran 2X …

Kelawan konco dulur lan tonggo …
Kang podho rukun ojo dursilo…
Iku sunahe Rosul kang mulyo…
Nabi Muhammad panutan kito 2x ….

Ayo nglakoni sakabehane …
Alloh kang bakal ngangkat drajate …
Senajan asor toto dhohire ..
Ananging mulyo maqom drajate 2X …

Lamun palastro ing pungkasane …
Ora kesasar roh lan sukmane…
Den gadang Alloh swargo manggone
Utuh mayite ugo ulese 2X …









Ingin download syi'irannya ?  klik di sini.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar